Latest update :
Home » , » Batara Narada

Batara Narada

{[['']]}
Bathara Narada (Sang Hyang Kanekaputra) iku putra pembarepe Sang Hyang Cuturkanaka (Sang Hyang Kaneka) lan Dewi Laksmi. Wujude dewa cebol, pasuryane ndhangak. Darbe rayi loro, yaiku Sang Hyang Pritanjala lan Dewi Tiksnawati. Dene rayi sing beda ibu uga loro, yaiku Sang Hyang Caturwarna lan Sang Hyang Caturbuja.

Garwe Bathara Narada sesilih Dewi Wiyodhi. Peputra loro, yaiku Dewi Kanekawati (dadi garwane Resi Seta), lan Bathara Malangdewa. Senadyan dedege cebol, nanging Bathara Narada digdaya. Jembar kawruhe, watake jujur, grapyak semanak, lan seneng geguyon.
Bathara Narada seneng mratapa ing samodra. Awake ora bisa teles dening tirta lan ora bisa kumelem ing samodra. Amarga saka genturing tapane, tejane sumunar katon saka ing Jonggringsalaka, satemah kapriksan dening Bathara Guru.

Bathara Guru nuli dhawuh marang para dewa supaya nyowanake Bathara Narada. Kabeh dewa utusan mau ora ana sing bisa mungkasi karya. Wasana Bathara Guru dhewe kang tumurun ing samodra. Sawise adu arep, Bathara Guru ngendika, kang surasane ngremehake lan ngina, sarta mamerake panguwasane. Bathara Narada mudhar tapa, banjur gumuyu latah kayo ngendika,
"Kowe ngaku ratuning para dewa lan nguwasani tribawana, nanging emane isih dhemen umuk sesongaran, seneng ngina marang sapadhapadha. Apa tumindak mangkono iku kena kanggo patuladhan? Coba yen kowe ngaku luwih tuwa, gage wangsulana pitakonku iki. Panase apa kang ngungkuli panase geni? Wong utama iku kang kepriye? Kajaba gadhung lan kecubung, apa kang bisa njalari mendem?"
Bathara Guru ora bisa mangsuli.
Bathara Narada banjur asung katrangan, "Kang ngungkuli panase geni iku panasing atine manungsa. Kang sinebut wong utama iku wong sing seneng dedana, tetembungane becik, ora gelem goroh, lan ora gelem gawe serik atine liyan. Saliyane gadhung lan kecubung, kang bisa njalari mendem iku rupa bagus utawa ayu, derajat, pangkat, panguwasa, kamulyan lan kawibawan."

Bathara Guru rumangsa kurang putus ing kawruh, nuli ngakoni yen kalah tuwa tinimbang Bathara Narada. Bathara Narada banjur kaboyong menyang kahyangan, dipasrahi kalenggahan patih ing kahyangan, sarta kappringan papan ing Kahyangan Sidiudaludal (Suduk Pangudaludal)





( DL - 44 Th.39)
Share this article :

About

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. Blvckshadow - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger