
Bathara Gana (Ganesya) iku dewaning kawruh/ ngelmu, lan dadi lambange kawicaksanan. Kahyangane ing Glugutinatar. Wujude dewe sirah gajah. Miturut layang Smaradahana karyane Empu Dharmaja (Jamane Prabu Kameswara ratu ing Kediri), Bathara Ganesya iku putrane Sang Hyang Siwah (Bathara Guru) miyos daka Dewi Uma.
Nalika Sang Hyang Siwah tindak mratapa, kahyangan ketekan mungsuh, yaiku narendra ing Tanjungparang Sang Prabu Nilarudraka. Ratu buta sirah gajah iki nyuwun tumurune Bathari Gagarmayang nedya kepundhut garwa. Amarga ora dipinangkani, banjur ngamuk punggung sabalane. Para dewa kalah kabeh
{[['
']]}
