Latest update :
Recent Updates

Bathara Gana (Ganesya)

Bathara Gana (Ganesya) iku dewaning kawruh/ ngelmu, lan dadi lambange kawicaksanan. Kahyangane ing Glugutinatar. Wujude dewe sirah gajah. Miturut layang Smaradahana karyane Empu Dharmaja (Jamane Prabu Kameswara ratu ing Kediri), Bathara Ganesya iku putrane Sang Hyang Siwah (Bathara Guru) miyos daka Dewi Uma.

Nalika Sang Hyang Siwah tindak mratapa, kahyangan ketekan mungsuh, yaiku narendra ing Tanjungparang Sang Prabu Nilarudraka. Ratu buta sirah gajah iki nyuwun tumurune Bathari Gagarmayang nedya kepundhut garwa. Amarga ora dipinangkani, banjur ngamuk punggung sabalane. Para dewa kalah kabeh. Miturut wawasane Bathara Narada, amung Sang Hyang Siwah kang bisa nyirnakake mungsuh. Sigra matah Bathara Kamajaya supaya njugarake tapane Sang Hyang Siwah.

Ketaman jemparing Pancawisaya, Sang Hyang Siwah badhar tapane. Duka yayah sinipi Sang Hyang Siwah. Sanalika ing tengah-tengah palarapane mijil netra sumorot, ngobong anggane Bathara Kamajaya. Bathara Kamajaya sirna margalayu. Dewi Ratih bareng midhanget kakunge seda, sigra nusul menyang papan garwane seda. Satekane ing papan iku, geni kang wis sirep sanalika murup mulad-mulad maneh. Dewi Ratih bela pati obong.

Sakondure Sang Hyang Siwah ing kahyangan, kepanggih Dewi Umi, banjur kangen-kangenan. Wasana Dewi Umi mbobot. Nalika lagi mbobot enom, para dewa sowan api-api tuwi kondure Bathara Siwah, nanging karo nggawa gajah tunggangane Bathara Indra. Nalika iku Bathara Siwah lan Dewi Umi pinuju lenggahan.
Bareng priksa gajah Erawana sing wujude gedhe banget, Dewi Uma kaget lan njerit wedi. Bathara Siwah ngrerepa garwane karo paring pangandika yen putrane bakal mijil kakung, nanging sirahe sirah gajah.

Bareng jabang bayi lair, mbarengi tekane Prabu Nilarudraka sawadyabalane ngrabasa Kahyangan Jonggringsalaka. Ganesya sing isih bayi diajokake ing paprangan. Ganesya diidak-idak Prabu Nilarudraka ora mati, malah saga gedhe, lan bisa mateni Prabu Nilarudraka sawadyabalane.



Batara Gana (Ganesya) gambar grafis Wayang Kulit
dening Mulyantara
{[['']]}

About

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. Blvckshadow - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger